29 November 2012

KOPI KUCING

"Kopi Kucing" ?
Kucing Ngantuk
Slamet mertamu nang omahe Faisol, disuguhi kopi, jarene kopine enak tenan, Soale Faisol gelem kopi sing di suguhno, Slamet akhire nyruput kopi Soale penasaran ambek rasane.

Slamet: iki kopi opo tho? Kok rasane rodo kecut,
Faisol: ikut kopi istimewa jenenge kopi kucing, meh podo karo kopi luwak sing larang iku.
Slamet: opo'o kok jenenge kopi kucing?
Faisol: Soale diolah lewat kucing, kopi luwak kopine dipangan luwak disik sakdurunge diolah, kopi kucing iki dipangan kucing, sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.

Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma ben gampang aku gawe kucing ae........
Waktunya "Coffee Break"
Slamet: kucing doyan kopi Ta sol?
Faisol: sakjane yo ra doyan, kopine tak gerus rodo kasar terus tak campur iwak asin, mari ngono tak pakakno kucing.
Slamet wetenge mulai mules.
Slamet: terus piye prosese sol?
Faisol: kopine kan metu bareng teleke kucing, terusan kopi tak saring, tak kumbah terus tak pepe sampe garing, terus tak gerus sampe lembut.
Lha iki kebetulan awak mu sing pertama nyoba kopi kucing, wong liyo sik durung ono sing tak suguhi.aku dewe arep nyoba yo ra kolu, yok opo met rasane?
Slamet: asu........ Asuuuuu........ Tenan kowe.  Iki dudu kopi kucing sol, lek iki yo Taeke kucing jenenge.

## sing ngguyu Mlebu surgo##


2 comments: